Contoh Layang Iber atau Layang Ganap



Contoh Layang Iber atau Layang Ganap

Disini kita akan memberikan contoh laying Iber atau layang ganap, Jenis LAYANG beserta contohnya yang kami dapat dari berbagai sumber. berikut jenis-jenis layang dan contohnya Layang minangka salah sawijining sarana komunikasi kang saiki isih akeh...
Puger, 12 April 2016

Kegem Bapak lan Ibu
Wonten ing ndalem
Suroboyo

Assalamu'alaikum Wr. Wb

Kados pundi kahananipun Bapak lan Ibu? Mugi - mugi Gusti Allah tansah maringi kanugrahan lan kesehatan dhumateng Bapak lan Ibu. Alhamdulillah dalem lan putra mantu tansah bagas waras.

Bapak lan Ibu ingkang satuhu kula bekteni, kenanthenan serat menika, kula badhe matur bilih dalem Insya Allah badhe wangsul dateng S
uroboyo benjang sasi Agustus kinepatan sasi riyaya Idul Fitri. Nyuwun pangetunipun mugi-mugi sedoyo dipun paring lancar sahinggo mboten wonten tambahan tugas kuliah ingkang kedah dalem rampungaken.

Mbok bilih wonten upakarti utawi oleh-oleh ingkang dipun kersakaken saking Papua, sumonggo dalem aturi telepon dalem. Insya Allah saged dalem padosaken dateng mriki.

Dalem kinten cekap semanten rumiyin serat saking ingkang putro.

Wassalamu'alaikum wr. wb..

Widyasari


Assalammu’alaikum Wr. Wb.
           Kanthi serat menika ingkang putra ngaturi uninga mbok bilih keadaan kula wonten Semarang uga tansah slamet lan ginanjar wilujeng. Mugi-mugi Ibu kalihan keluarga wonten Surakarta inggih semanten ugi. Amin.

           Maos serat saking Ibu kolowingi, kula mangertos mbok bilih Pak Dhe Marwan badhe nggadahi gawe. Maturnuwun Bu, sampun nyaosi kabar dhumateng kawula. Woten ing serat menika, kula uga badhe ngaturi kabar, pinales serat saking Ibu kolowingi. Bu, sakderengipun kula nyuwun pangapunten dhumateng Ibu, amarga benjing kepener tanggal 1-6 Juni 2009 kula wonten tes semesteran ingkang boten saged kula tinggal. Amargi tes kasebut dados penentu kula saged lulus punapa boten wonten ing semester akhir kasebut. Dados, kula benjing boten saged wangsul lan tumut wonten ing nikahane Mbak Erna kalihan Mas Agus.

           Bu, Insyaallah benjing menawa tes semesteran kula sampun paripurna, kula badhe langsung wangsul dhateng Surakarta. Kula inggih nyuwun pangapunten dhumateng Pak Dhe Marwan sakaluwarga amargi kula boten saged caos pambiyantu ing adicara nikahane putrine.

           Cekap semanten Bu walesan serat kawula. Sepisan malih kula nyuwun pangapunten dhumateng kulawarga wonten ing Surakarta. Kula wonten mriki tansah ngati-ati lan Insyaallah saged njagi ngibadah kawula. Salam mawon Bu dhumateng kaluwarga ing Surakarta.

Wassalammu’alaikum Wr. Wb.


Ingkang Putra

ttd

Mulyad


Jember, 09 November 2016
 Kangge Bapak lan Ibu 
Wonten ing ndalem Puger




Assalamu’alaikum Wr. Wb
Pripun kahananipun Bapak lan Ibu? Mugi – mugi Gusti Allah tansah maringi kanugrahan lan kesehatan dhumateng Bapak lan Ibu. Alhamdulillah teng mriki kula sehat.
Bapak lan Ibu ingkang kula bekteni, wontene  serat menika, kula badhe matur Insya Allah badhe wangsul dateng Puger benjang sasi Desemberi. Nyuwun pangestunipun mugi – mugi sedoyo diparingi lancar sahinggo mboten wonten hambatan.
 Cekap semanten rumiyin serat saking ingkang kula.
 Wassalamu’alaikum wr. wb..
 Yudi Pratama

Sembah pangabekti,

Kanthi serat punika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula ing Malang tansah pinaringan rahayu wilujeng jinangkung ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung. Ingkang dalem suwun, mugi-mugi kawontenan Bapak / Ibu dalah kulawarga ing Probolinggo ugi melatena.

Kajawi ingkang kasebat ing nginggil, benjing wulan April keng putra badhe wonten kegiatan Ulangan Praktek lan UAN. Pramila keng Rahmat nyuwun kintunan arta kangge tumbas buku, mbayar ijazah lan beaya ulangan ingkang cacahipun Rp 250.000-,00. Wondene tampi rapot kelulusan tanggal 22 April 2010. Menawi wonten kalodhangan wekdal Bapak / Ibu kepareng tindak Malang mendhet rapot ing sekolahan. Menawi repot ainggih dipunpendhet Paklik mboten menapa. Keng putra wangsul dhateng Probolinggo mbenjang sawise dinten liburan kelulusan, antawis tanggal 23 April 2010.

Wasana cekap semanten atur kula, bebilih wonten kirang langkunging atur kula, keng putra nyuwun luminturing sih samodra pangaksami.


Malang , 2 Maret 2010
Keng Putra tuhu tresna

Angga


Kajawi ingkang ing nginggil, keng putra ngaturi uninga bilih benjing wekdal liburan semester gasal ing wulan Januari keng putra wonten kegiyatan Study Tour dhateng Pulo Bali. Pramila saking punika keng putra nyuwun kintunan arta kangge mbayar kekirangan tabungan tour lan kangge sangu ingkang cacahanipum Rp 400.000,00. Wondene tampi rapot benjing tanggal April 2013. Menawi wonten kalodhangan wekdal keparenga Bapak/Ibu tindak Surabaya mendhet rapot ing sekolahan. Menawi Bapak utawi Ibu repot dipunpendhet Pakdhe boten menapa. Keng putra wangsul dhateng Pacitan, benjing sasampunipun Study Tour dhateng Pulo Bali antawis tanggal 21 April 2013.

Wasana cekap semanten atur kula, mbokbilih wonten kirang langkunging atur, keng putra nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Keng putra tuhu tresna

Natasha Maulidha Sukendro



Mugi Katur
Ingkang Kinabekten Slamet Saputra
Ing Yogyakarta

Assalamualaikum Wr.Wb

Ingkang sareng kaliyan serat punika, kula pun wayah ngaturi pirsa bilih awit saking berkah pangestunipun bapak, kulawarga ing Semarang pinaringan kasarasan miwah kawilujengan Mugi-Mugi bapak lan Kulawarga ing Yogyakarta semantena ugi. Kajawi saking punika, keparengan matur bilih Bab Semesteran I ajeng dianakake Minggu kapindo wulan Desember 2010 lan mbayarake biaya gotong-royong kangge sekolahan yaiku Rp. 125.000,00 biaya gotong-royong wau ajeng dibayarake tanggal 30 November 2010. Mugi-Mugi kula saget nggarap Bab Semesteran I lan kula ajeng ngatosake doa restu kaleh bapak lan sak kaluwarga supoyo kula saget nggarap lan kula bisa ngasto nilai apik.

Wasana cekap semanten rumiyin atur kula nyuwun pangapunten sedaya sembah sungkem saking kula ing Semarang

Matur Nuwun,

Wassalamualaikum Wr.Wb
Sungkem Kula,


(Vitra Adi Guna Saputra)



Layang iber-iber / Layang Ganep yaiku layang kang isine aweh pawara, katrangan, pitutur lan pamrayoga, darbe panyuwun sawijining bab pandonga lan sapanunggalane saka wong enom marang wong tuwa utawa kosok baline.

No comments:

Post a Comment

P3K Tahap 3

https://youtu.be/dmcjx-zTSCQ