NASKAH
DRAMA BAHASA JAWA BANDUNG BONDOWOSO
Ing
sawijining jaman,ing ndesa sing apik urip ana wedokan kang ditinggal karo
bojone.Dheweke urip karo anake,kang jenenge Bandung.
Bandung :’’Bu,nopo ibu mboten kesepian menawi kula lan
panjenengan mung manggon teng perkampungan endah niki tiang kaleh mawon.’’
Ibu :’’Kesepian ngopo to le?ibu wis seneng
ana kowe nang kene.Awakdewe urip kecukupan,seneng tanpa ana sing ngganggu,arep
njaluk sing piye maneh ibu iki?’’
Bandung :’’Yo mbok menawi ibu kersa nduweni rama damel
kula.’’
Ibu :’’(mesem ngguyu) kowe iki ngomong apa
to le…le….Ora…ora…ibu ora opo opo urip randa kaya ngene,sing penting ibu nduwe
kowe(jarene ibu banjur ngelus pundhake)
Bandung :’’Lho! Saestu Bu.’’
Ibu :’’Sakjane lakyo kowe sing patut tak
takoni koyo ngono kuwi anakku.Kowe iku wes gedhe,mosok kowe arep dewe’an wae’’
Bandung :’’(mesem)Ah,menawi kula mboten usah di piker
Bu.Saktemene kula ajeng tanglet kalih Ibu,nanging kula mboten kepenak ,Bu.’’
Ibu :’’Kowe arep takon opo?kok nganggo ora
kepenak mbarang.Aku iki ibumu opo dudu?Arep takon apa sih le…le…?
Bandung :’’Ngenten lho Bu,saktemene Rama kula menika
sinten?Ngantos sakniki kok kula taksih bingung.’’
Bu…,kok mendel mawon?Wonten nopo
to Bu?’’
Ibu :’’Anakku Bandung(ngelus pundakke
Bandung)Sakjane iki wektu sing pantes.Kowe sakiki wis gedhe,Ibu ora wedi maneh
crita karo kowe.Ibu ngerti,kowe mesti iso ngerteni iki.’’
Bandung :’’Ana apa Bu?’’
Ibu :’’Bapakku kuwi sakjane Bangsawan ing
tlatah adoh kono.’’
Bandung :’’Dados Rama tasik sugeng Bu?’’
Ibu :’’Iya anakku.’’
Bandung :’’Kula kepingin ketemu Rama,Bu?’’
Ibu :’’Yen kowe pancen pengen nemoni
Ramamu,yo ora opo-opo.Golekana Ramamu kuwi,nanging Ibu mung iso pesen.Rungokno
pesen-pesen Ibu iki yo le?’’
Bandung :’’Inggih Bu?’’
Ibu :’’Ibu mung iso ndungakake apa sing kowe
karepake bakal kok temu.Lek wis kepetuk Ramamu,cepet sujud ing sikile Ramamu
kanggo tanda kahurmatan.Ing njaba kono,pesti akeh wong asing sing bakal kok
temui, s dipercaya.Ojo seneng adu otot yo anakku sing nganteng dewe,iklan kabeh
pesti nduwe niat dhewe-dhewe.Kowe iku lanangan sing biau ora apik.Ojo waton
tumindak ing kono,ora liyo kanggo njaga keslametanmu dewe.
Bandung :’’Inggih,Bu.’’
Ibu :’’Lan siji maneh amanatku.
Ibune bandung
banjur mlebu ing kamar,lan metu nggawa selendang
werna abang
Ibu :’’Gawaen selendang iki supaya Ramamu
percaya yen kowe iku anakke.’’
Bandung :’’Matur nuwun Bu,nanging kepripun Ibu
menawi kulangembara.Menapa Ibu aman
gesang piyambakan ing bumi ingkang mboten temtu niki.’’
Ibu :’’Ibu ora bakal kena opo-opo.Ibu mung
bias nyangoni pandunga supaya slamet yo anakku sing tak tresnani.’’
Menika
Bandung budal ngembara lan dheweke teko ing nggone Jin. Dheweke ditekani karo
para abdi dalem saka nggone Jin . Bandung bisa nglawan para abdi dalem. Banjur
Bandung nemoni Jin Bondowoso.
Jin : “ Sampean sapa? “
Bandung
: “ Aku Bandung .“
Jin
: “ Ana keperluan apa sampean mrene
? “
Bandung
: “ Aku arep nggoleki Ramaku, Apa kowe iso mbantu aku nggoleki
Ramaku ? “
Jin
: “ Wani piro kowe njaluk pitulunganku ? “
Bandung
: “ Yen aku wes dadi raja ing Pengging kowe iso njaluk opo wae sing
kowe karepake. “
Jin
: “ Wokey… Tenan yo ? , Gawe mbantu kowe aku wenehi telu
panyuwunan.“
Bandung
: “ Sing kasiji aku kepingin nemoni Ramaku . “
Jin
: “ Okey… ( Ngilang ) “
Amarga
Bandung bisa naklukake Jin Bondowoso, akhire jenenge Bandung diwenehi jenenge
Jin kuwi mau. Saiki jenenge Bandung dadi Bandung Bondowoso.Kesoke, Bandung
nemoni Jin Bondowoso maneh, merga arep njaluk pitulungan. Yaiku pingin dadi
raja ing Pengging.
Bandung
: “ He.. Jin Bondowoso… Aku kepingin dadi Raja ing Pengging. “
Jin
: “ Wokey…. Segera di kabulkan tuan. “
Jin
Bondowoso ngabulake panyuwunane Bandung Bondowoso. Deweke banjur dadi Raja ing
Pengging. Bandung Bondowoso pingin nguwasai kerajaan Prambanan. Dheweke pingin
perang karo Prabu Boko, rajane Prambanan. Bandung Bondowoso nemoni Prabu Baka
lan nantang gelut. Amarga biyen Raja Prambanan wis nyerang Ramane. Dadi saiki
dheweke diutus Ramane kon mbales dendam menyang Kerajaan Prambanan.
Menika
Bandung budal ngembara lan dheweke teko ing nggone Jin. Dheweke ditekani karo
para abdi dalem saka nggone Jin . Bandung bisa nglawan para abdi dalem. Banjur
Bandung nemoni Jin Bondowoso.
Jin
: “ Sampean sapa? “
Bandung
: “ Aku Bandung . “
Jin
: “ Ana keperluan apa sampean mrene ? “
Bandung : “ Aku arep nggoleki Ramaku, Apa kowe iso mbantu aku
nggoleki Ramaku ? “
Jin
: “ Wani piro kowe njaluk pitulunganku ? “
Bandung
: “ Yen aku wes dadi raja ing Pengging kowe iso njaluk opo wae sing
kowe karepake. “
Jin
: “ Wokey… Tenan yo ? , Gawe mbantu kowe aku wenehi telu
panyuwunan.”
Bandung
: “ Sing kasiji aku kepingin nemoni Ramaku . “
Jin
: “ Okey… ( Ngilang ) “.
Akhire Bandung ketemu karo Ramane.tibakno ramane
kuwi yaiku Prabu Damar Moyo raja ing kerajaan Pengging .langsung wae Bandung
sujud ing Prabu Damar Moyo .Prabu Prabu Damar Moyo kaget ,menapa Bandung niku
anakke amarga duwe selendang abang .
Prabu Damar Moyo : “heh kowe pemuda,kowe entuk
selendang abang iki teko sopo? sopo jenengmu ?”
Bandung ;” selendang abang iki teko
ibu kulo,lan name kulo Bandung “.
Prabu Damar Moyo;”ohhh……. Kowe iki berarti
anakku.saili kowe oleh manggon ing
kerajaan
kene”.
Bandung ;”bener rama ?”
Dammar moyo
:”yo iyo mosok etok-etokan “.
Bandung :”hore (seneng lan
jingkrak-jingkrak).”
Amarga
Bandung bisa naklukake Jin Bondowoso, akhire jenenge Bandung diwenehi jenenge
Jin kuwi mau. Saiki jenenge Bandung dadi Bandung Bondowoso.Kesoke, Bandung
nemoni Jin Bondowoso maneh, merga arep njaluk pitulungan. Yaiku pingin dadi
raja ing Pengging.
Bandung
: “ He.. Jin Bondowoso… Aku kepingin dadi Raja ing Pengging. “
Jin
: “ Wokey…. Segera di kabulkan tuan. “
Jin Bondowoso ngabulake
panyuwunane Bandung Bondowoso. Deweke banjur dadi Raja ing Pengging. Bandung
Bondowoso pingin nguwasai kerajaan Prambanan. Dheweke pingin perang karo Prabu
Boko, rajane Prambanan. Bandung Bondowoso nemoni Prabu Baka lan nantang gelut.
Amarga biyen Raja Prambanan wis nyerang Ramane. Dadi saiki dheweke diutus
Ramane kon mbales dendam menyang Kerajaan Prambanan.
Saktutuke Bandung ing kerajaan Prambanan ,dheke dicegat karo Patih
Gupala.
Patih gupala :”sopo kowe koyokke kowe duduk rakyat
kerajaan kene .”
Bandung :”masbullah, lek akun duduk
rakyat kerajaan kene .”
Bandung :”kulo Bandung Bondowoso yugane
prabu Dammar Moyo ing kerajaan pengging kulo dhateng mriki
diutus kale prabu kulo kang kepingin mbales dendam marang rakyat kerajaan
pengging .”
Prabu Baka :”ana apa iki kok rame-rame?lan kowe
sopo?
Bandung :”kulo Bandung Bondowoso yugane
prabu Dammar Moyo ing kerajaan pengging kulo dhateng mriki
diutus kale prabu kulo kang kepingin mbales dendam marang rakyat kerajaan
pengging .”
Terjadinipun perang sing sengit marang kelorone,kerno kesaktiane
bandung.prabu baka sedo ing peperangan iku .ndelok rajane sedo patih gupala
mlayu kanggo ngindari bandung lan ngelapurake kedadean niku marang putrine
prabu baka yaiku roro jonggrang .
Patih
gupala:”nyuwun sewu putri.”
Jonggrang
:”ana apa patih?kok jenengan wis bali saka peperangan ana ngendi
ramaku .”
Patih
Gupala : ‘’(menundukkan kepala dan
menyembah) nyuwun sewu Roro
(Mikir
mikir ), Prabu Boko… Prabu Boko.
Jonggrang : ‘’rama
? ana apa karo rama ? opo panjenengan duwe kabar sing ora apik patih?
Patih Gupala : ‘’
Inggih Roro.”
Jonggrang :‘’ Ono
ngendi Ramaku ? (Bingung lan arep nangis ). Crito.o karo aku Patih….. Pundi Ramaku ?.”
Patih Gupala : ‘’
Prabu boko gugur ing peperangan menika, Roro.”
Jonggrang : “ Ha? Opo
bener ngendikan-mu kuwi? Opo panjenengan mboten goroh patih?’’
Patih
Gupala :’’ saestu ndoro.Kulo ingkang ngertosi piyambak,Bandung
Bondowoso
nusuaken kerisipun .’’
Jonggrang : ‘’ Rama…
rama… (Nangis).”
Wektu
nangis iku Patih Gupala mati lan Bandung Bondowoso teko ing ngarepe Roro
Jonggrang. Bandung banjur mikir mikir, sopo ratu ayu ingkang ngarepe iku?. Opo
iku selire Prabu Baka sing dipateni mau.
Bandung :’’ ( Nyedeki Roro ). Kena apa kowe duh
cah ayu? “
Jonngrang
: ‘’ Sopo kowe? Wani temen kowe teko ing krajaan iki?.”
Bandung : ‘’ Hahaha……
Sopo aku? Opo kowe ora ngenali aku, raja ing kerajaan pengging, lan saiki sing
nduweni kerajaan sing gede iki. Hahaha…. Ayu tenan kowe iki. Opo kowe gelem tak
dadeake garwaku ?.”
Roro Jonggrang bingung arep menehi jawaban opo (batinane
Jonggrang).
Bandung : “ Halah!! Trimo ae, aku iki ngganteng kok. Kena apa
kowe ora gelem ? Opo kowe isisn karo aku ? hem….”
Jonggrang :” Wah…. Opo sing arep tak lakokake. Aku mumet.”
Jonggrang banjur mikir mikir .
Jonggrang :” Ngene wae, yen kowe pancen pingin nduweni aku,
syarate siji ae, yaiku gawekna aku 1000 candi ing wektu sewengi ,Yen kowe
kasil, aku gelem dadi garwamu.”
Bandung :” Kanggo mbuktiake tresnaku karo kowe, opo wae
panjalukmu bakal tak turuti… “
Bandung nggawe panyuwunane saka Jin sing terakhir.
Bandung : ‘’ Jin, aku isih nduwe panyuwunan sing
terakhir kan ?’’
Jin :“ Iyo aku iling, opo panjalukmu ?
Bandung
:” Akuy njalok tulung digawekake 1000 candi .”
Jin
: ‘’Wokey. Dadi panyuwuwunanmu
entek, ya?” aku ora pingin mbantu kowe
maneh.”
Jonggrang : “kepriye iki, opo Bandung bisa gawe candi
sing akehe semono ?”
Dayang : “la kepripunto Putri.bandung menika lak
nggeh tiyang sektl to Putri ? miturut pamikir kula , kok panyuwunan panjenengan
bisa ditepati, la wong samenika tasik jam kalih . anggenipun mbangun candi
sampun badhe kelar to Putri.”
No comments:
Post a Comment