Cerita Rakyat Timun Mas dalam Bahasa Jawa
Cerita Rakyat Nusantara Dalam Bahasa Jawa – Cerita Timun Mas merupakan bagian dari cerita
rakyat, cerita ini Dalam Bahasa
Jawa,
nah kali ini berbagiilmunei akan berbagi cerita rakyat Nusantara, cerita ini tentang Timun Mas, seperti diawal tadi bahwa bentuk cerita kami sajikan dalam bahasa jawa, selain cerita timun mas masih banyak lagi cerita
rakyat nusantara ini seperti, Roro Jonggrang, Joko Tarub, Malin Kundang,
Cindelaras, bawang erah bawang putih, lutung kasarung, batu menangis, banyuwangi
dan cerita rakyat lainnya baik dalam versi bahasa jawa maupun bahasa inggris.
Yuk Kita simak contoh Cerita Rakyat Nusantara Timun Mas Dalam
Bahasa Jawa Berikut :
Timun Mas
Jaman
biyen kuna, urip sejodo lanang wadon sing dadi petani. Urip ing desa cepake
hutan lan uripe bagyo, nanging durung diwei mongmongan yaiku durung diwei anak.
Saben
dina ndonga marang sing Maha Agung njaluk diwei anak. Sawiji ning dina ana
raksasa liwati omahe lan rungu dongane , banjur raksasa aweh wiji timun.
"Tanduren
wiji kui, mengko arep olih anak wadon," omonge raksasa karo pasangan mau.
"Nanging ana syarate. Umpama umure wis 17 taun anak mau kudu wehaken meneh
marang aku," walese raksasa. Ora pikir dawa pasangan mau setuju karo
syarate raksasa amarga kepingin duweni anak.
Pasangan
tani mau banjur nandur wiji-wiji timun kui. Saben dina dirumat kanggo temenanan
tanduran sing muali urip kui. Wulan-wulanan nembe woh timun sing warnane kaya
emas.
Timun
kui suwe-suwe tambah gede karo abot. Wohe timun wis mateng, ati-ati banget
petani mau ngarah wohe timun. saking kagete, ing jerone timun ana bayi wadon
sing ayu rupane. Petani mau banget senenge banjur diarani Timun Mas.
Taun
ganti taun, Timun Mas dadi cah wadon dewasa sing ayu rupane. Wong tuane bangga
karo Timun Mas, nanging ndadekake rasa wedi sing gede. Amarga nek Timun Mas
umure wis 17 taun, raksasa pan teka lan nagih janjine kanggo njimot Timun Mas.
Petani
mau usaha ben bisa tenang. "Enteni sedela, Timun Mas lagek dolan. Bojoku
pan ngundang," kandahe. Petani kui gagean nemoni anake, "Anakku, gawa
iki," kandahe karo aweh kantong bujur. "Iki kanggo nulung koe nglawan
raksasa, Saiki cepet mlayu," kandahe. Banjur Timun Mas gagean mlayu.
Petani
mau sedih lungane Timun Mas, nanging ora rela nek anake kanggo pakanan raksasa.
Raksasa ngenteni wis suwe, dadi ora sabar. Raksasa ngerti wis dilombo marang
petani mau. Banjur raksasa ngobrak-abrik pondoke pak tani, banjur nyusul Timun
Mas menyang hutan.
Raksasa
gagean mlayu nyusul Timun Mas, wis cepak Timun Mas njimot segegem uyah saka
kantong bujur. Banjur uyah mau ditawurake menyang raksasa. Ujug-ujug dadi laut
amba. Raksasa terpaksa ngelangi kangelan. Timun mas mlayu maning, nanging
raksasa bisa nyusul. Timun Mas njimot barang ajaib seka kantonge. Timun Mas njimot
segegem lombok, banjur ditawurake menyang raksasa. Wit-witan ana eri landep
ngurung raksasa. Raksasa kelaranen, banjur Timun Mas mlayu golet aman.
Nanging
raksasa banget kuate, meh bisa nongkop Timun Mas. Timun Mas njimot barang ajaib
sing ketelu saka kantonge. Ditawuraken wiji timun, urip lan woh dadi kebon
tumin sing amba. Amarga kekeselen lan ngelih, raksasa mangan timun-timun sing
seger kui nganti kewaregen, banjur raksasa turu.
Timun
Mas mlayu meneh sekuat tenagane ngantek enteng. Lewih celaka maning raksasa
tangi seka turune. Raksasa meh nongkop Timun Mas, Timun Mas keweden, banjur
ditokake senjata sing keri dewe yaiku segegem trasi urang. maning-maning ana
keajaiban, dadi danau belet sing amba lan raksasa gigal meng kero belet.
Timun
Mas lega, bisa selamet seka raksasa banjur bali maring omahe wong tuane. Rama
lan biyung seneng bisa weruh Timun Mas selamet. "Maturnuwun duh Gusti,
nyelametake anakku," kandahe seneng. Kawit kejadian kui Timun Mas bisa
urip tenang karo wong tuane, tanpa keweden maneh.
Cukup
menarik bukan, cerita rakyat bahasa jawa dengan judul timun mas tersebut. Saya
sangat berterima kasih karena sobat semua sudah meluangkan waktu untuk
membacanya. Semoga cerita rakyat ini tidak hilang begitu saja ditelan arus
budaya asing yang semakin menggila.
sabungayamlive.co
ReplyDeletelink alternatif sabung ayam terlengkap dan menyediakan semua jenis promo sabung ayam s128, sv388, kungfu kitchen